PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Saturday, 29 August 2015

Leluhure Pandawa dan Kurawa



Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.

Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.




Resi Manumanasa
Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka. Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi namung anak angkat.


Kapethik saking : http://caritawayang.blogspot.com/2015/06/leluhur-pandawa-kurawa-bahasa-jawa.html

WANGSALAN

Pangretosan Wangsalan

Wangsalan inggih menika unen-unen ingkang saemper cangkriman ananging batangan saka unen-unen wus kasamektakake ing buri adate mung sawanda. Wondene cangkriman inggih menika unen-unen kang batangan saka unen-unen mau drung ana ing ukara mau.
Tuladha wangsalan kaya ing ngisor iki :
  1. Jenang gula mas, aja lali marang aku (Batangane yaiku glali. Jenang gula iku glali saka tembung lali)
  2. Njanur gunung ma kadingaren tindak meiki. (Batangane aren saka tembung kadi = janur wit aren).
  3. Kolik priya, priya gung anjani putra. (Batangane kolik priya = manuk kolik sik lanang arane tuhu)
  4. Kepiting kang sabeng rawa, nguswaraganta wong ayu (Kepiting kang saba ing rawa yaiku yuyu).
  5. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula (Jenang sela : apu, wader kalen : sepat).
  6. Babal bunder mangklung kali, lo, patrapmu kok kaya mangkono! (Babal bunder : elo)
  7. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori : gudeg)
  8. Bayen arda, ardane ngrasuk busana, mari wanteng besuse saya ketara. (Bayem arda : lareng, ardane ngrasuk busana : besus) 
  9. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng. (Mina galak ing samudra : iwak cucut)
  10. Petis manis, ngucapna tembung sing manis. (Petis manis : kecap).
  11. Bareng macak sliramu katon madhan rawa (Pandhan rawa : wlingi)
  12. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha! (Pring dempet : andha)
  13. Dom jala, coba aku kandhanana! (Dom jala : coba)

Wednesday, 26 August 2015

Serat Jawa Kuna

Layang/Serat Jawa Kuna
Miturut wujudipun serat jawa kuna kaperang dados tiga inggih menika serat Ramayana, Mahabharata lan Serat Uttarakanda.

  • Serat Ramayana
Ramayana inggih menika serat kagem tiyang ingkang ngrasuk agami siwa. Wosipun ngandharaken tumindak saha solah bawanipun Prabu Rama. Wondene wosipun kaperang dados 6 perangan ingkang dipunwastani Sutkandha, kados ing ngandhap menika :
  1. Balakandha          : Nyariosaken nalika Prabu Rama isih timur
  2. Ayodyakandha     : Prabu Rama dedunung ing Ayodya kaliyan Dewi Sinta
  3. Aranyakakandha  : Rama lan sinta dedunung ing alas kandherekaken kadangipun Laksmana. Dene Dewi sinta dipuncidra dening Rahwana.
  4. Kiskendhakandha : Sugriwa ing guwa kiskendha mitulungi Rama
  5. Sundarakandha    : Anoman nemoni Sinta ana ing taman Soka.
  6. Yudhakandha      : Negara Ngalengka dibedhah Rama, Dasamuka mati, lan Dewi Sinta diboyong menyang Ayodya.
  • Serat Mahabharata
Serat Mahabharata menika serat ingkang wosipun nyariosaken lampahan trah kuru nalika rebutan negara Astinapura. Umumipun lampahanipun Pndhawa kaliyan Kurawa. Serat menika dipunanggit dening Resi Wahana awujud gancaran ingkang kaperang dados 18 parwa utawa lampahan. Menggah urutanipun kados ing ngandhap menika :
  1. Adiparwa         : Wosipun bab lairipun saha cariyos ingkang dados lampahan wayang nom-noman. 
  2. Sabaparwa      : Wosipun pandhawa main dhadhu kaliyan para kurawa
  3. Aranyakaparwa : Pandhawa kaliyan dewi drupadi dedunung ing wana
  4. Wirathaparwa   : Pandhawa kaliyan dewi drupadi nylamur laku dhateng Wiratha
  5. Udyagaparwa  : Wosipun cariyos ngajengaken perang Barathayudha
  6. Bhismaparwa  : Bhisma madeg dados sena[pati
  7. Dronaparwa    : Drona madeg dados senapati
  8. Karnaparwa    : Karna madeg dados senapati
  9. Setyaparwa     : Setya madeg dados senapati
  10. Gadaparwa     : Perang gada, Bisma perang kaliyan Duryudana gada-gadana
  11. Aswatamaparwa  : Aswatama nyidra pandhawa ing wayah wengi
  12. Stripalapaparwa : Sedhekahipun para putri kaliyan para pejuang ingkang sami tiwas ing palagan.
  13. Santikaparwa : Pandhawa kawejang bab ngelmu pangadilan.
  14. Aswamadaparwa : Ngemot sesaji jaran
  15. Asramawasaparwa : Dhestrarata, Gendari, Kunthi, Widura, lan Senajaya dedunung ing alas.
  16. Mansalaparwa     : Samba ethok-ethok nggarbi kanggo nyoba kasektene para resi.
  17. Prastonikaparwa : Pandhawa padha arep nunggu gunung Himalaya
  18. Swargarohanaparwa : Yudhistira kapanggih Duryudana ing swarga saha kapetuk sedulur sedulure Duryudana ing neraka.

  • Uttarakandha
Awujud gancaran, anggitanipun jaman Prabu Darmawangsa Teguh (991-1007), wosipun leluhure Dasamuka, lairipun Dasamuka saha anggone clunthangan. Critanipun Arjunasasrabahu, Lelakone sinta wonten ing prapatan marga katundhung lajeng kaakeb bumi sawise peputra kembar Kursa lan Lawa. Rama seda amarga ngenes.

Tuesday, 25 August 2015

CARIYOS ANOMAN OBONG



Anoman Obong



 


Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.

Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.

Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.


Monday, 24 August 2015

Pacelathon Mandheg Mayong

Gineman ing ngandhap menika tuladha gineman anatawis tiyang sepuh kaliyan lare anem. (Ibu-anak)

Ibu   : Dhuk mrene tak kandhani!
Ana  : Inggih bu....
Ibu   : Dhuk ibu nyuwun tulung tumbaske tempe ing warung!
Ana : Inggih bu, menika namung tumbas tempe kemawon utawi taksih
          wonten sanesipun bu?
Ibu  : Karo lengo ya ndhuk.!
Ana : Inggih nu...kula nyuwun pamit rumiyin...
Ibu  : ngati-ati ya ndhuk, aja lali terus bali aja mandheq mayong!
Ana : Mandheg mayong menika menapa bu.?
Ibu  " Mandheg mayong kuwi menapa lunga banjur wis rampung urusane
          ora banjur mulih!
Ana : Inggih bu. Kenging menapa bu mboten pareng mandheg mayong
         mekaten?
Ibu  : Amarga tumindak mandheg mayon kuwi tumindak kang ora becik.
         Amarga tumindak kuwi saru.
Ana : Sarunipun menika wonten pundi bu, menika lak nggih namung
          mampir kemawon?
Ibu  : Miturut tata krama jawa iku ora sopan amarga padha wae
         karo tumindak kang  ora pamit.Menawa awakmu arep mandheg
         utawa mampir, prayogane mulih sikik banjur ganti klambi, menawa
         uwis nembe pamit marang ibu utawa bapak.
Ana : Oww mekaten bu.?
Ibu  : Iya....saliyane kuwi uga supaya bapak lan ibu ora kwatir marang
         keslametanmu. Amarga uwis ngerti menapa kowe arep dolan nang ngendi.
Ana : inggih nu kula sampun paham.
Ibu  : Menawa paham saiki enggal mangkat tuku tahu nang warung ndhuk!
Ana : inggih bu.....Assalamu'alaikum
Ibu  : wa'alaikum salam

Wednesday, 12 August 2015

PAWARTOS BASA JAWA


Pawartos utawa berita

Ing jaman modern pumika ingkang nama pawartos gampil sanget dipunpanggihaken. Beda kaliyan jaman kawuri nalika pawartos dipunbiwarakaken ngginakaken media utawi piranti ingkang sarwa prasaja, kadosta penthongan, kebul, utawi bengok-bengok. Ing jaman modern kados ing wekdal menika pawartos saged kabiwarakaken ngginakaken piranti ingkang sarwa canggih lan modern. Pawartos ingkang badhe kabiwarakaken menika saged ngginakaken media elektronik kadosta  TV, Radio, Internet saha ngginakaken media cetak kados ariwarti (koran) saha Kalawarti (majalah). Bab ingkang kedos mekaten temtu mdadoskaken gampilaken anggenipun babar utawi biwarakaken satunggaling pawartos.

Ariwarti ingkang nate medal ing jaman kawuri inggih kados ing ngandhap menika :
  1. Juru mertani
  2. Eka martani
  3. Jawi kandha
  4. Jawi hiswara
  5. Darma kandha
  6. Budi utama
  7. Bramarthani
Ariwarti juru martani kang ing tembe aran Era martani iku sawijining ariwarti jawa ingkang langkung sepuh piyambak, saha ingkang dangu piyambakngantos warsa 80-an, ing wulan Februari 1932. Ariwarti menika panyeratipun  ngginakaken aksara jawa, amargi aksara latin ing basa jawa nembe dipunginakaken ing warsa 1910.

Kalawarti inggih menika pawartos ingkang terbitiipun kadang kadang utawi namung kala mangsa, bisa saben minggu, setengah sasi sepisan, utawi saben sasi sepisan. Kalawarti ingkang kaanggep ageng ing wedal menika jaman padmasusastra ing jaman tekane Jepang ing warsa 1942 inggih menika L
  1. Sasadara
  2. Candra kantha
  3. Kajawen
  4. Penyebar semangat
  5. Pustaka jawa
  6. Wibisana
  7. Swara tama
  8. Damar jati
  9. Parikesit
 Wondene kalawarti ingkang medal nalika jaman kamardikan kados ing ngandhap menika :
  1. Sri jayabaya weton Kediri warsa 1945
  2. Surya candra weton Ngayogyakarta
  3. Penyebar Semangat weton Surabaya\
Wondene ingkang taksih gesang ngrembaka ngantos dinten menika inggih menika :
  1. Kalawarti Jayabaya Kediri
  2. Kalawarti Penyebar Semangat Surabaya
  3. Kalawarti Mekarsari saha Djaka Lodhang Ngayogyakarta
Ngantos sing wekdal menika dereng nate wonten ariwarti ingkang kaserat ngginakaken aksara jawa. Sanesipun kalawarti ugi wonten serat utawi pawartos ingkang saemper kaliyan kalawarti kados  ing ngandhap menika :
  1. Candrawarti inggih menika layang utawi pawartos ingkang medal saben wulan utawi saben sasi pisan. tuladha : Parikesit
  2. Dwikala inggih menika pawartos ingkang medal saben sasi kaping kalih utawi saben kalih minggu.
  3. Saptawarti inggih menika layang utawi seratan ingkang medal saben minggu. tuladha : Bramarthani (ariwarti), Djaka Lodhang, Penyebar Semangat (Kalawarti)
Miturut pangretosanipun
Pawartos inggih menika palapuran ingkang kababar lumantar media, kanthi ancas paring seserepan utawi kabar, pendhidhikan, opini, hiburan kangge masyarakat ingkang nampi pawartos kala wau. Wondene tiyang ingkang mboten nampi pawartos kala wau temtu mboten badhe pikantuk pawartos ingkang dipunandharaken menika. Bab ingkang wonten jumbuhipun kaliyan pawartos inggih menika babagan jurnalitik. Jurnalistik dipunngertosi sedaya palapuran katujokaken dhateng masyarakat. Wondene Jurnalisme inggih menika bab ingkang magepokan kaliyan dumadosing pawartos kawit saking ngempalaken data, media, paraganipun ingkang asipat jurnalistik.Nalika satunggaling tiyang badhe gladhen utawi maraga dados penyiar temtu mbetahaken keterampilan khusus saha kedah nggatosaken bab kados ing ngandhap menika.

Bab ingkang kedah dipungatosaken magepokan kaliyan teknik pamaosing pawartos ing radio kados ing ngandhap meniika inggih menika
  1. Intonasi : bab ingkang jumbuh kaliyan andhap inggiling swanten. 
  2. Vokal/pocapan : bab ingkang          jumbuhkaliyan cetha utawi mbotenipun konsonan saha vokal. 
  3. Basa baku : Bab ingkang jumbuh kaliyan basa baku Yogyakarta utawi solo.
  4. Volume : Ageng utawi soranipun swanten menawi maos pawartos satemah tiyang ingkang mireng menika saged gamblang saha cetha kaliyan pawartosipun.
Wondene sanesipun menika bab ingkang megepokan kaliyan maos pawartos ing TV inggih menika
  1. Wiraga : bab ingkang jumbuh kaliyan obahing badan nalika maos pawartos. Tegesipun nalika maos pawartos menika mboten kathah usrek/usil 
  2. Wirama Pawmaosing pawartos kedah nggatosaken bab menapa ingkang dipunandharaken supados saged maringi penekanan wonten ing bab tertamtu. 
  3. Wicara Inggih bab ingkang kedah dipungatosaken jumbuh kaliyan cetha, blero mbotinipun swanten nalika maos pawartos.
  4. Wirasa inggih bab ingkang jumbuh kaliyan pangraosing pawartos menika satemah saged menghayati wosing pawartos kasebat.
Nalika maos pawartos menika wonten teknikipun tegesipun bab ingkang kedah dipungatosaken jumbuh kaliyan pamaosing pawartos kado ing ngandhap menika :
  1. Irah-irahan (judhul)
  2. Titi mangsa
  3. Pambukaning pawartos  minangka ukara pambuka kang  ngemu informasi penting
  4. Lantaran yaiku tembung  kang nglantaraken  antarane pambukaning pawartos saha badaning pawarta.
  5. Badan utawa jangkepung pawarta
  6. Pungkasaning pawarta.
Pawartos ingkang sae menika kedah gadhah sipat kados ing ngandhap menika : 

Asipat publisitas
Pawartos ingkang dipunandharaken menika gampil dipunmangertosi tiyang sanes satemah wajib  ngginakaken basa ingkang baku mboten dialek utawa kepara malah idiolek. 

Aktual 
Informasi kedah up date utawi pawartos menika mboten ketinggal ing wekdal. Satemah satunggaling wartawan kedah pinter anggenioun pados pawartos ingkang narik kawigaten saha enggal.

Objektif
Ngandharaken pawartos menika kedah imbang mboten pilah pilih tegesipun bilih menawi masyarakat menika betahaken pawartos menika, para wartawan kedah enggal ngliiput saha kabiwarakaken dhateng masyarakat.

Narik kawigaten
Ngrembak bab ingkang saged narik kawogatosanipun para warga. Dene pawartos ingkang dipunandharaken menika sanget dipunbetahaken dening masyarakat saha wigati tumprap masyarakat. Satemah babagan panyerating irah-irahan menika wigati sanget dipungatosaken. Amargi irah-irahan ingkang sae adamel tiyang ingkang maos pawartos menika remen lan gadhah raos pengen maos pawartos menika..

5 W + 1 H
Saged Mangsuli 5W + 1 H menika ugi bab ingkang mboten saged dipunlirwakaken satemah berita utawi pawartos menika saged dipuntanggel jawabaken. Amargi menawi satunggaling pawartos mboten ngemu bab menika temtu wosipun kirang utawi risak pawartanipun.

Wonten ing donyaning pawartos utawi berita temtu wonten istilah ingkang jumbuh kaiyan pakaryanipun. Dene ing ngandhap menika tuladha utawi kateranganipun :
  1. Tiyang ingkang ngaturaken pawartos sinebut penyiar.
  2. Penyiar ingkang maosaken wosing pawartos sinebut orator 
  3. Tiyang ingkang pados pawartos sinebut wartawan 
  4. Tiyang ingkang maosaken wosing pawartos kanthi jlentreh sinebut narator.






Sumber : 

LKS Eksis Modul Pintar
LKS Kawuryan
Google.com

Sampun kawontenaken ewah-ewahan sawetawis anggeipun mendhet sumber. matur nuwun