PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Friday 4 October 2013

GEGURITAN

GEGURITAN

Pangretosan geguritan
Kasusastran jawa saking maneka warna saged dipunperang adhedhasar wujudipun  dados kalih warni. Wujud sekar/tembang/puisi saha wujud gancaran/prosa/cerita. Kasusastran ingkang awujud sekar/puisi menika panyeratipun wonten ingkang mawi paugeran tertamtu ugi wonten ingkang kaserat bebas. Pandameling sekar utawi asring sinebut puisi wonten ing basa Indonesia  menika anggenipun nyerat mboten betahan paugeran tertamtu tegesipun bebas. Tuladha anggitan menika kadosta geguritan, sekar campursari.

Wondene sekar ingkang panyeratipun mbetahaken paugeran-paugeran ingkang gumathok. Paugeran menika kadosta kaiket guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra. Tuladha anggitan menika inggih kados tembang macapat utawi tembang alit, tembang tengahan/sekar madya lan tembang ageng/tembang gedhe.

              1.       Guru wilangan inggih menika cacahing wanda saben sagatra
              2.      Guru lagu inggih menika tibaniing swara utawi dong
                     ding (vokal) wonten ing pungkasaning ukara/gatra
             3.       Guru gatra inggih menika cacahing gatra saben sapada/paragraf.

Wonten ing wekdal menika ingkang badhe dipungladhi inggih menika mligi babagan geguritan. 
Tembung geguritan dumunung saking tembung gurit miturut andharanipun Padmosukotjo wondene miturut Subalidinata geguritan dumunung saking tembung gurita sinoasa andharanipun Subalidinata dipuntegesi kewan asikil 8. Tegesipun gurit ingkang ateges tulisan, kidung tembang, seratan ingkang awujud tatahan. Wondene nggurit tegesipun ngarang tembang utawa kidung, rerepen. Wujuding geguritan kaperang dados kalih inggih menika geguritan kuna/tradisional saha geguritan modern/anyar. 

Geguritan tradisional menika geguritan ingkang pendamelipun ngginakaken paugeran gumathok, kadosta larik saben pada/bait, cacahing wanda saben larik dhong dhing swara. Ingkang kagolong geguritan tardhisional inggih menika kadosta parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe

Geguritan modern inggih menika geguritan ingkang mboten dipunwatesi paugeran-paugeran kados ing geguritan tradhisional. Tegesipun saben pada/bait mboten dipuntemtokakaen cacahipun. Saben larik mboten dipuntemtokaken cacahe wanda lan dhong dhinging swara.
Caranipun nganggit geguritan kuna menika kados ing ngandhap menika :

1.    Cacahing gatra ora ajeg nanging paling dethithik papat.
2.    Cacahing wanda ing gatra siji-sijine kudu padha.
3.    Tibaning swara kudu runtut.
4.    Sangarepe guritan, diwiti sun nggegurit/sun nggurit.

Paugeran lan Titikan Geguritan
Panyeratipun satunggaling sastra menika betahaken aturan sinaosa geguritan menika bebas. Aturan wonten ing geguritan menika dipunwontenaken supados geguritan ingkang dipundamel menika saged karaos endah lan edi. Ing ngandhap menika kaandharna titikan geguritan modern kados mekaten :

              1.      Mboten kaiket guru wilangan, guru lagu lan guru gatra.
              2.      Panyeratipun bebas tegesipun wujudipun bebas.
              3.      Migunakaken (purwakanthi, wangsalan, pepindhan lsp).
              4.      Migunakaken lelewa basa/Majas.
              5.      Gunggung baris utawi larik bebas.
              6.      Wonten piwulang ing sajroning geguritan.
              7.      Saged langsung isi mboten dipunwiwiti tembung sun nggegurit.
              8.       Nggatosaken pamilihing tembung/diksi.(cekak, aos, mentes)

No comments:

Post a Comment