PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday, 28 April 2015

KETHOPRAK


KETHOPRAK

Ketoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa tengah, ananging ugo saged tinemu ing Jawa sisih Wetan (Jawa Timur ). Kethoprak menika drama tradisional ingkang dipunparagaaken kaliyan  grup kesenian lan dipunpagelaraken wonten ing panggung lan  cariyos saged dipunpendhet saking sejarah, cerita panji, dongeng lan sapanunggalanipun kaliyan dipunselingi lawak.

MULA BUKANIPUN KETHOPRAK

Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saking iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsanipun masyarakat/umum, inggih menika Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh para pria. Cariyos kang dipagelaraken yaiku : Warsa – Warsi, Kendana Gendini, Darmo – Darmi, lan sapanunggalanipun.

Saklajengipun iku pagelaran Ketoprak ingkang sangsaya dangu dados lan apike lan dados klangenane masyarakat, utamanipun ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadosan saklajengipun Pagelaran Ketoprak dados pepak anggenipun cariyos lan ugi kaering gamelan . Wontenipun gegayutan kaliyan pagelaran “teater” para narapraja.

JINISING KETHOPRAK

Ananipun kaliyan pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, saged dibedakake mengkene.

  • Kothékan Lesung
Awujud awal mulané Kethoprak lan dados winih ing tembé mburi dados pagelaran Kethoprak.

  • Kethoprak Lesung Wiwitan
Wiwitanipun saking kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep kaliyan cariyos , panguripané para tani.

  • Kethoprak Lesung
Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo cariyos rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Menika ingkang bakal dados lairipun pagelaran Kethoprak.

  • Kethoprak Gamelan
Wiwitan saking Kethoprak Lesung, dijangkepi kaliyan cariyos Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).

  • Kethoprak Gamelan Pendhapa
cariyos-cariyosne ngemungake cariyos Babad, dipagelaraken nganti seprené. Pagelaranipun wonten ing panggung tanpa payon, nanging sampun nyedhaki wonten ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelaranipun wonten ing 'Pendhapa').

  • Kethoprak Panggung
Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelaraken wonten ing panggung kanthi cariyos campur, awujud cariyos rakyat, sejarah, babad uga cariyos adaptasi saking ing nagari manca (Sampek Eng Tay, Maling saking Bagdad lan sapanunggalane ).

Sakmenika saged dipirsani Kethoprak Panggung wonten ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelaranipu dados profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggonipun para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak sampun dados panguripan. Tehnik pagelaran lan cariyos digawé luwih apik lan ditindakaken kanthi teges lan tumemen. Tuladha wau saged dipirsani wonten ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang sampun misuwur wonten ing ngendi wae, dados klangenane masyarakat.

PIRANTI PENGIRING
Kendhang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adatipun ngangge suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasanipun pinter anggonipun "akting" uga kedah pinter nembang lan mbeksa. Para pradangga gamelan, bebarengan kaliyan sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan ingkang dipunangge basa Jawa, nanging kedah ngangge "unggah-ungguh" basa. saged ngangge Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

Sakmenika wonten ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamanipun awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Cariyos bakune padha nanging dipagelaraken kanthi dagelan. Mligi ngemungaken lan nyenengaken pamirsane. Bab paugeran nomer kalih. Kethoprak wau limrahipun sampun boten ngangge unggah ungguh basa lan tatakrama, ingkang baku saged damel geguyu. cariyos lan basa boten ngangge paugeran baku. Mula saged kasebut Kethoprak boten jangkep.



                                             Kapethik saking Media Piwulangan Basa Jawa


No comments:

Post a Comment