PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Sunday, 10 May 2015

RINGGIT UTAWI WAYANG



Wayang utawi wayang

Ringgit wacucal kadamel saking wacucal utawa kulit kewan ingkang dipuntatah utawi dipunsungging, dientha kadya manungsa. Wacucal ingkang asring kaginakaken inggih menika wacucal saking sati sapi utawa kebo. Ringgit menika minangka pralambang utawi simbol gegambaran gesangipun manungsa ing ngalam donya. Mungguh babon utawi punjering cariyos ringgit kapethik saking kitab Mahabarata saha kitab Ramayana.

Ringgit wacucal sumebar ing tanah jawa saha ing sadhengah nuswantara. Umumipun, ringgit dipunremeni dening masyarakat Jawa Tengah, Ngayogyakarta saha saperangan Jawi Wetan. Saben-saben papan gadhah ciri utawi gagrag piyambak-piyambak. Gagrag ingkang kawentar inggih menika gagrag surakarta saha gagrag Ngayogyakarta. Beda antawis kekalihipun wonten ing swanten panabuhe kothak. Menawi gagrag Ngayogyakarta mligi namung ngginakaken cempala wondene gagrag Surakarta dipunsarengi kecer. Sanes menika gagrag kesenian wayang ingkang misuwur sanesipun inggih menika saking laladan Banyumas lan Pesisiran ingkang kawentar ing tlatahipun piyambak-piyambak.

Kanthi wontenipun kamejenganing teknologi saha budaya bangsa, pagelaran ringgit mangaribawani owah gingsir. Campursari saha dhagelan nderek nyengkuyung pagelaran ringgit . Ringgit ingkang mula bukanipun sedalu natas, samenika kadamel ringkes dados 3 utawi 4 jam.

Wayang kulit utawi ringgit wacucal dipunpentasaken ing pakeliran. Saperangan ringgit dipunsimping ing sisih kiwa lan ing sisih tengen ing pakeliran. Ringgit ingkang dipunsimpng ing sisih tengen dipunwiwiti saking ringgit Brahala utawi Dewa Amral utawa Dewa Mambang saha kapungkai kanthi ngginakaken wayang bayen. Dene wayang ingkang mboten dipunsimping nanging dipunsimpen ing salebetipun kothak sinebat ringgit dhudhuhan. Adatipun wayang dhudhuhan menika  kagolongaken wayang ingkang asring dipunlakokaken dening dhalang.

Sanginggilipun dhalang wonten lampu utawa diyan ingkang kaginakaken kagem madhangi pakeliran ingkang kawastanan blencong. Nalika antawacana, dhalang nuthukake cempala ing kothak wadhah wayang. Dhalang uga gadhah keprak ingkang kadamel saking kuningan. Supados katon regeng lan laras, pagelaran ringgit kairingi gendhing ingkang dipuntabuh dening para niyaga.

Ing jaman modern kados ing wekdal menika, kadhang kala dipuntambah kaliyan kesenian sanes kangge narik para mudha supados tetep njagi budaya wayang menika. 
  
Jinising Ringgit utawi wayang

  1. Wayang Beber inggih menika wayang ingkang awujud gambar (jejeran), ingkang dipundamel saking kertas kandel utawi kain mori ingkang sampun dipungambar. Wayang beber adatipun mendhet lampahan utawi lakon Panji inu kertapati saha Dewi sekar taji
  2. Wayang Dupara (Wayang Kancil) inggih menika wayang ingkang kadamel saking kulit kanthi lampahan Kancil.
  3. Wayang gedhog (Wayang wasana) inggih menika ringgit ingkang kadamel saking kulit saha mendhet lampahan Panji Inu kertapati saha Dewi sekartaji 
  4. Wayang Golek inggih menika wayang ingkang kadamel saking kayu (boneka) kanthi mendhet lampahan Mahabharata lan Ramayana. Sumebar ing tlatah Pasundan.
  5. Wayang Jemblung inggih menika wayang ingkang kadamel saking kayu/kajeng (boneka). Sumebar ing wewengkon Pante utara jawa (Blora, cepu lan Bojonegara).
  6. Wayang Klitik inggih menika wayang ingkang kadamel saking kayu gepeng kanthi lakon Damar Wulan.
  7. Wayang Krucil inggih menika wayang ingkang kadamel saking kulit alit-alit (kawangun tangane wudhar siji, tangan e sijine malang kerik). Mendhet lakon babad (kaya kethoprak).
  8. Wayang madya inggih meniika wayang ingkang kadamel saking kulit kanthi mendher lakon Mahabharata (Pariksit satumurune) kadosta : Yudayana, Gendrayana, Sudarsana, Jayabaya. Kawentar nalika kraton Demak lan Pajang.
  9. Wayang menak inggih menika ringgit ingkang kadamel saking kayu (boneka) kanthi lakon dhakwah agami islam (Wong kayengrana, Umarmaya lan Umarmadi).
  10. Wayang potehi inggih menika wayang ingkang kadamel saking kayu ananging allit-alit. Mendhet lakon Babad Cina (Kraton Tar-tar.

PRALAMBANG ING PAGELARAN WAYANG

Ubarampe ingkang dipunginakake ing pagelaran wayang nggadahi perlambang piyambak-piyambak. Antawisipun inggih menika:
  1. Wayang mralambangaken  manungsa
  2. Kelir mralambangaken langitc.       
  3. Debog mralambangaken bumi
  4.  Blencong  mralambangaken srengenge, bulan, lintang
  5. Gamelan mralambangaken kebutuhane  manungsa (sandhang, pangan saha papan)
  6. Kothak mralambangaken sangkan paran  
  7. Gunungan mralambangaken urip  
  8. Cempala mralambangaken jantung
  9. Kepyak mralambangaken lakuning getih
UBARAMPE SESAJI PAGELARAN WAYANG
  1. Tumpeng Robyong : Sega tumpeng, Gedhang raja setangkep, Gudhangan, Kambil sak wiji, Gula jawa setangkep, Tukon pasar, lombok saha brambang.
  2. Kembang telon : kanthil, mawar saha melati
  3. Mentahan: Beras, brambang, bumbu mangsak, tempe saha uyah.
  4. Empon- empon :jahe, kunir, glingu bengle, teh saha gula pasir.
  5. Kendhi diisi banyu , godhong dhadhap saha pari wulen
  6. Umplok :Endhog mentah, beras saha wajib diwadhahi cemplok.

No comments:

Post a Comment