PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday, 5 May 2015

WAYANG UTAWA RINGGIT



Wayang/Ringgit

Wayang menika ngadahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “WAHANANE HYANG” Tembung Wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.

Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan Byasa atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana saha Mahabharata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis, pramila menika wonten bedha-bedhanipun antawisipun carios Ramayana saha Mahabharata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten, minangka kabudaya asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun carios Ramayana saha Mahabharata mlebet ing Jawa.

Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering carios wayang boten namung saking Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon carios wayang sanesipun kadosdene carios Panji, carios seta, cariso saking Timur tengah lsp. Bedha-bedganing babon carios wayang menika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang. Pramila menika jininsing wayang boten namung wayang Walulang utawi golek nanging sansaya kathah. Tuladhanipun wonten wayang beber, wayang kancil, wayang pothehi lsp. 

Dipuntingali saking bahan ingkang dipunagem kangge ndamel wayang, wayang kaperang dados pinten-pinten jinis, antawisipun inggih menika Wayang Beber, Wayang Golek, Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang Kulit.

Wayang utawi ringgit menika gadhah watak ingkang beda-beda. Watak saben wayang menika saged dipunpreksani saking bab kados ing ngandhap menika :

Jenising wayang
  1. Watak satriya            : alus, luhur bebudene, seneng tetulung.
  2. Watak buta/raseksa   : kasar, gumedhe dakwenang.
Sunggingan/tatahan
  1. Sunggingan kuning, ireng, putih  : watake becik lan suci.
  2. Sunggingan abang (abrit)           : watake kendel.
  3. Sunggingan biru                        : watake jirih utawa weden.
Wujudipun awak
  1. Watak wayang ingkang  ndhungkluk             : sabar lan ngati-ati.
  2. Watak wayang ingkang ndengangak             : brangasan lan gampang nesu.
  3. Watak wayang ingkang mendelik, mrongos  : galak.
Titikan Sifating  Wayang Katingal Saking Wujudipun
1.      Watak angkara/ brangasan/ galak/ kasar.
      Pasuryanipun warnane abang
      Paningalanipun mentheleng
      Irung gedhe
      Gusi mrenges
      Gadhah siung
      Astanipun  nyethithing

2.      Watak berbudi/ alus
      Ragane ora gedhe
      Gelungan
      Irung lancip
      Paningalanipun sithip
      Astanipun nyempurit 
      Pasuryanipun luruh, warnane ireng/putih(bram)

3.      Ratu/ bangsawan
      Ngagem kuluk / mahkutha
      Busana ratu
      Praba

4.      Buta
      Paningalanipun kalih : Gagrag Ngayogyakarta
      Paningalanipun setunggal : Gagrag Surakarta

5.      Wayang watak geculan
Bentuk raganipun lucu , Kayata: punakawan, titikannipun gadhah : 
  • cacat sikil pincang, nuduhake menawa wong urip tansaha kebak ing pangati-ati salawase lumaku sajroning alam rame.
  • tangan cekot duweni makna, menawa wong urip tan bisa ngowahi kang wus dadi kodrate Gusti.
  • mripat kero ngemu piwulang, menawa wong urip kudu deleng marang kahanan sakiwa-tengene.
  • raga kang sarwa dawa ngemu pralambang luhur. Petruk duweni pikiran kang dawa, saengga sawernane tumindak tansah linandhesan panglimbang-limbang kang jero.

No comments:

Post a Comment