Prasangka
Dening : Diana Citrasari
Siswa SMA N 2 Yogyakarta
Semburat
warni abrit dereng dangu katingall ing sisih wetan. Cahyane kang kanthi abrit
awujud bunder ageng, anandakaken keagunganipun Allah ingkang Maha Kuasa.
Sembribitipun angin enjing tansah sumilir. Asrepipun keraos dugi badan.
Hawanipun ugi tansah seger, dereng katah polusi kendaraan. Kahanan ingkang sae
sanget, sami kaliyan kahanan atinipun Cita ingkang nembe semangat. Tasih enjing
Cita sampun mangkat sekolah, kanthi nitih sepedanipun. Amargi mboten tebih
sekolahipun, Cita nitih sepeda. Kanthi semangat Cita nggayuh pedal sepedanipun.
Hawa ingkang seger saha anginingkang sumilir, anambahi semangatipun Cita. Cita
sengaja tindak langkung enjing, amargi dinten menika dinten sapisan Cita mlebet
ing sekolah anyaripun. Cita pindah sekolah amargi Bapakipun pindah tugas.
“eh,
eh eh! Awas mbak! Minggir, eh…” jeritipun Cita nalika mlebet gerbang sekolah.
“Eh,
eh eh! Lha piye to iki mbak? Ehh..!!”
Bbrruukkkk........
Pungkasanipun,
Cita nabrak salah satunggalipun siswi SMA N 2 Nusantara.
“Aaaww,
sakit.” Tuturipun Ayu.
“Nyuwun
pangunten mbak, kula mboten njarak, saestu. Wau kula kaget njenengan tiba-tibak
belok” tuturipun Cita.
“Aaww..lara
tenan sikutku. Eh, enggih mbak. Koyone aku sek salah. Nyuwun pangapunten
nggih..“ ngemataken Cita, “Eh? Sampeyan murid anyar mbak? Kok kula dereng nate
ningal njenengan.”
“Enggih
mbak, kula murid anyar nembe mlebet dinten menika.”
“Oalah,
pantesan..oh ya, aku tak kancani po nang ruang Kepsek? Eh, kenalke. Aku Ayu
kelas xi ia 2.
“Waahh,
saestu kula purun sanget mbak menawi njenengan purun ngancani kula. Matur suwun
nggih, Mbak. Kula CIta kelas XI IA 2. Wahh, sekelas Yu.” Wangsulane Cita kanthi
bungah.
***
Amargi
kepanggihan ingkang mboten dipunjarak menika, Cita lan Ayu dados kanca ingkang kenthel.
Menawi tindak dating pundi, mesthi bareng. Cita ngeraos seneng wonten ing
sekolah anyaripun. Amargi menawi wonten perkawis ingkang mboten mangertos, Ayu
purun paring pitulungan.
Sampun
mapinten dinten Cita tansah bingung dhumateng salah satunggaling rencangipun
ing kelas. Pengen rasanipun Cita nyuwun pirsa marang Ayu, ananging mboten
wanton. Mangke ndak malah ndamel satunggaling perkawis ingkang saleresipun Cita
ugi mboten mangertos. Ananging, samenika Cita sampun gregetan, mboten sabar.
“Yu,
aku kepengen takon deh. Kae Arya kok koyone ra duwe kanca to?” takonipun Cita
marang Ayu ing salah satunggaing wekdal budal sekolah ing kelas.
“Kowe
ki le ngomong ojo seru-seru!” wangsulanipun Ayu kanthi lirih “kae lho wong sek
tok omongke wae ono neng pojokan kae, mengko nek krungu piye? Wis yo gek bali,
tak jelaske nang ndalan.” ajakipun Ayu sinambi ngukuti bukunipun.
Wonten
ing mergi wangsul, Ayu nyritakaken kanthi penuh semangat saha emosi. Ayu
sanjang menawi Arya menika aneh, satemah dipuntebehi rencang sanesipun.
“Kae
ki aneh Cit, mistis reti ra? Koyone yo duwe ilmu hitam kae, maen dukun-dukun
barang kae ki. Mosok esuk-esuk nang wit ringin mburi sekolah, nek mlebu kelas
mambu mlati, terus nek bali sekolah mesti mampir nang dukun, wonge yo seneng
umak-umik dewe ngucap mantra ra jelas. Makane do diadohi.” Tuturipun Ayu.
“Wwuusss,
ra ngawur kowe ki nek ngomong. Isoh dadi fitnah lho. Koyone Arya anak e apikan,
pinter juga.” Wangsulanipun Cita.
“Yo
wis karepmu lah nek ra percoyo, sik penting aku wis ngomongi lho.”
Wangsulanipun Ayu.
Cita
mboten percaya kados menika, satemah Cita gadah tekad badhe mbuktiaken menawi
Arya menika sae.
***
Ing
salah satunggaling enjing, Cita sengaja dating sekolah langkung gasik.
Mruput-mruput Cita tumuju kebun wingking sekolah, andelik sawingkingipun kajeng
pelem ing sisih sanes saking kajeng ringin. Mboten selang dangu, Arya tumuju
wonten ing kajeng ringin. Ananging Cita kaget sanget, Arya ical wonten ing
antawisipun rerumputan. Arya ical ten pundi? Lajeng Cita ngewantonaken piyambakipun
mirsani ing ngandapipun kajeng ringin. Cita langkung kaget malih, Arya mboten wonten
ing pundi-pundi. Menapa bener ingkang dipunsanjangaken Ayu menawi Putra menika
gadah ilmu hitam? Cita lajeng mrinding sedaya. Tiba-tiba wonten tangan ingkang
njawil pundakipun Cita. Cita wedi sanget, nembe mawon Cita badhe mlayu lan
njerit. Ananging ternyata ingkang njawil punika Arya.
“Kowe
lagi ngopo, Cit?” pitakonipun Arya.
“Eh,
eh, eh..aku lagi, lagi, lagi ndelok kembang mlati iki sek neng ngisor ringin.
Apik e.” wangsulanipun Cita kanthi gagap.
“Oalah,
ho o cen apik. Makane aku sering mrene sangger esuk. Hawane seger, apik. Iki
aku duwe koleksi potone, aku mendek-mendek moto kembange, nganti mambu kembang
mlati.” Wangsulanipun Arya.
“Oalah,
gitu to. Bener kan omonganku. Eh mbok aku ndelok poto-potone.” Pituturipun
Cita.
“Eh?
Opo Cit? oh iya iki ndelok wae.”
Cita
saha Arya lajeng lenggah wonten ing kursi pinggir taman sekolah. Cita mirsani
hasil potonipun Arya. Pancen sae, apik. Arya pinter moto ternyata.
“Oh
iya Ar, aku pengen takon. Tapi kowe ojo tersinggung yo? Ojo nesu.” Uninipun
Cita.
“Yo
takon wae, Cit. Paling kowe arep takon kok aku ki aneh to? Aku koyo mistis,
duwe ilmu hitam, ho o to?” wangsulanipun Arya.
“Eh,
udu aneh. Aku sih ora pernah mikir koyo ngono, tapi kanca-kanca liyane…. Yo ojo
nesu lho Ar, aku ming takon. Nek enggak dijawab yo ra opo-opo kok.”
“Haha,
sante wae to, aku ra nesu. Malah matur suwun kowe ra kepikiran aneh-aneh.
Sebenere aku ki ora koyo sek dipikirke kanca-kanca. Aku dikira sering ilang
ning wit ringin iki karo mambu kembang, kowe wis reti kenopo to. Nek aku dikira
sering menyang dukun, kuwi yo ra leres. Kae ki daleme simbahku, emang koyo omah
dukun. Ananging simbahku dudu dukun, ming seneng barang-barang antik. Terus nek
aku sering ngucap mantra, kuwi sebenere aku ngapalke rumus. Aku duwe singkatan
dewe dingo ngapalke, malah dikira mantra.” Jlentrehanipun Arya.
“Oooaallaahh..koyo
ngono kuwi to. Kok kowe ra ngomong sebenere wae?”
“Yo
ben lah, rapopo.”
Amargi
percakapan wau samenika Cita sampun mangertos kahanan ingkang saleresipun bab
Arya. Pancen leres menopo ingkang dipunpikiraken Cita. Arya menika mboten aneh,
tiyangipun sae, pinter, lan apikan, mboten kados ingkang dipunpikiraken rencang
sanesipun.
Salajengipun,
Cita gadah sahabat malih, Arya. Murid ingkang dipuntebehi sanesipun, justru
murid ingkang sae. Alon-alon Ayu ugi mangertos kahananipun Arya ingkang
saleresipun, lan Ayu ugi dados sahabatan kaliyan Arya. Lajeng rencang sanesipun
ugi mangertos, lan mboten mikir aneh-aneh bab Arya. Arya samenika mboten
ditebihi, justru kathah rencangipun. Cita lega.
*tamat*
No comments:
Post a Comment