PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Sunday, 3 June 2018

WARA-WARA

NYUWUN PANGAPUNTEN


ULANGAN ONLINE SAMPUN DIPUNTUTUP

WEKDAL NGGARAP SAMPUN TELAS.


MATUR NUWUN



NB : Menawi wonten kabetahan mangga sesambetan kaliyan admin!

Tuesday, 21 November 2017

PAWARTA WIGATI !!!!

SUSULAN PENILAIAN HARIAN

NILAI DITERIMA APABILA PENYETORAN SEBELUM JAM 22.00 MALAM HARI INI,

JUM'AT, 01 JUNI 2018.

ATAS PERTAHIANNYA DIUCAPKAN TERIMA KASIH

JANGAN MENYUMBANG DAN MELESTARIKAN 

PERILAKU TIDAK JUJUR



dipunkoreksi sumangga lapor dhateng ketua supados dipunrekap. Matur nuwun.


Matur nuwun

Monday, 17 July 2017

SUGENG RAWUH

Blog menika kadamel kagem njangkepi piwulangan basa jawa. Kaangkah blog menika saged paring pambiyantu saha piguna dhateng para sutresna.

Wednesday, 3 May 2017

Tabel Pandhawa

Menika kaandharaken tabel pandhawa kados ing ngandhap menika :

NO
PANDHAWA
NEGARA
PUSAKA/PIYANDEL
1
PUNTADEWA
NGAMARTA
JAMUS KALIMASADA
2
WREKUDARA
JODHIPATI
KUKU PANCANAKA
3
ARJUNA
MADUKARA
PANAH  PASOPATI
4
NAKULA
SAWOJAJAR
PEDHANG
5
SADEWA
BUMIRETAWU
PEDHANG

Thursday, 24 November 2016

KISI - KISI PAS BASA JAWA SMA N 1 DAN 2 YOGYAKARTA

KISI - KISI PAS  SMA N 2 YOGYAKARTA

KELAS X

1. Pawartos :
    - Pangretosan
    - Paraga ingkang wonten gayutipun
    - Pawartos adhedhasar wekdal saha tuladhanipun
    - Pawartos media cethak saha elektronik
    - Sifating pawartos ingkang sae
    - Bab ingkang dipungatosaken nalika maos pawartos
    - Wacan pawartos 5W saha 1 H

2. Cariyos Pengalaman
    - Jinising seratan
    - Analisis waosan cerita pengalaman
    - unsur instrinsik saha ekstrinsik
    - Piwulang saha sinonim

3. Geguritan
    - Pangretosan geguritan
    - Kasusasstran jawa
    - Wangsalan, purwankanthi, cangkriman
    - Paugeran saha titikan geguritan
    - Isining geguritan
    - Wacan geguritan

4. Sekar Macapat
    - Pangretosan macapat
    - Paugeran tembang macapat
    - Jinising tembang adhedhasar paugeran (alit, madya lan ageng)
    - Tuladha tembang adhedhasar paugeran gumathok
    - Tembang durma, pangkur, megatruh, gambuh
    - Watak tembang macapat
    - Gancaran saha madosi piwulang tembang macapat
    - Urutan tembang macapat miturut gesanging manungsa.wiwit maskumambang


KELAS XI

1. Pranatacara saha sesorah
   - Pangretosan saha dasa nama
   - Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika MC
   - Olah raga, olah basa, olah busana lan olah rasa
   - Olah raga ingkang 7 kedah apal
   - Tembung ingkang luput
   - Wacan perangan MC utawi sesorah

2. Campursari
   - Pangretosan
   - Jinising campursari
   - Paraga campursari
   - Istilah ingkang wonten gayutipun (bawa, senggakakn dll)\
   - Purwakanthi, wangsalan, cangkriman
   - Gamelan campursari

3. Aksara Jawa
   - Paugeran nyerat aksara jawa
   - Filosofi Aksara jawa
   - Cariyos aksara jawa
   - Aksara ingkang dipunginakaken gagrak sriwedari
   Piwulang ing ukara aksara jawa

4. Tembang Macapat
   - Pangretosan macapat
   - Pugeran macapat (guru gatra, lagu lan wilangan)
   - Watak tembang
   - Tembang gambuh, Asmaradana lan pangkur
   - Jinising tembang adhedhasar paugeran (alit, madya lan ageng)
   - Piwulang ing tembang macapat
   - Urutaning tembang adhedhasar gesanging manungsa.maskumambang


KISI - KISI PAS  SMA N 1 YOGYAKARTA

KELAS X

1. Pawartos :
    - Pangretosan
    - Paraga ingkang wonten gayutipun
    - Pawartos adhedhasar wekdal saha tuladhanipun
    - Pawartos media cethak saha elektronik
    - Sifating pawartos ingkang sae
    - Bab ingkang dipungatosaken nalika maos pawartos
    - Wacan pawartos 5W saha 1 H

2. Cariyos Pengalaman
    - Jinising seratan
    - Analisis waosan cerita pengalaman
    - unsur instrinsik saha ekstrinsik
    - Piwulang saha sinonim

3. Geguritan
    - Pangretosan geguritan
    - Kasusasstran jawa
    - Wangsalan, purwankanthi, cangkriman
    - Paugeran saha titikan geguritan
    - Isining geguritan
    - Wacan geguritan

4. Sekar Macapat
    - Pangretosan macapat
    - Paugeran tembang macapat
    - Jinising tembang adhedhasar paugeran (alit, madya lan ageng)
    - Tuladha tembang adhedhasar paugeran gumathok
    - Tembang durma, pangkur, megatruh, gambuh
    - Watak tembang macapat
    - Gancaran saha madosi piwulang tembang macapat
    - Urutan tembang macapat miturut gesanging manungsa.wiwit maskumambang


KELAS XI  (Wonten ewah-ewahan dereng baku)

1. Pranatacara saha sesorah
   - Pangretosan saha dasa nama
   - Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika MC
   - Olah raga, olah basa, olah busana lan olah rasa
   - Olah raga ingkang 7 kedah apal
   - Tembung ingkang luput
   - Wacan perangan MC utawi sesorah

2. Campursari
   - Pangretosan
   - Jinising campursari
   - Paraga campursari/Tokoh
   - Istilah ingkang wonten gayutipun (bawa, senggakakn dll)\
   - Purwakanthi, wangsalan, cangkriman
   - Gamelan campursari

3. Aksara Jawa
   - Filosofi Aksara jawa
   - Aksara ingkang dipunginakaken gagrak sriwedari
   - Piwulang ing ukara aksara jawa

4. Tembang Macapat
   - Pangretosan macapat
   - Pugeran macapat (guru gatra, lagu lan wilangan)
   - Watak tembang
   - Tembang maskumambang, mijil, pangkur, dhandhanggula, asmaradana
   - Jinising tembang adhedhasar paugeran (alit, madya lan ageng)
   - Piwulang ing tembang macapat
   - Urutaning tembang adhedhasar gesanging manungsa.maskumambang
   - Sandi asma (nama dalam tembang)
   - Sengkalan (taun yang ada dalam kalimat) dibaca terbalik.
   - Tembung garba (penyingkatan kata untuk menghitung guru wilangan)
   - Daya sastra lan baliswara tembang macapat.

Tuesday, 13 September 2016

KISI-KISI PTS SEMESTER GASAL 2016-2017

Kisi-kisi punika dipundamel kagem engkreng-engkrengan bab menapa kemawon ingkang samangke badhe kadamel soal PTS SMA N 2 YOGYAKARTA. Wondene ing ngandhap kasamektakaken kisi-kisi adhedhasar kelas :

KELAS X
1. Pawartos
   - Pangretosan pawartos, Jurnalistik lan Jurnalisme.
   - Jejibahan utawi tugas ingkang wonten gayutipun kaliyan jurnalistik.
   - Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawartos. Ugi ingkang kasebat 4 W.
   - Jinising pawartos, kados koran, majalah lan internet.
   - Namaning koran lan majalah inkang abasa jawa lan mboten basa jawa.
   - Nyipta pawartos lan ngudhal isining pawartos.
   - Jining palaporan belita, kados laporan bencana, kesehatan, lsp.
   - WAJIB MAOS KAWRUH TEMBUNG lan TEMBUNG INGKANG LUPUT.
   - WAJIB MAOS TEORI SAKING MODUL lan SAKING BLOG MENIKA.
 
2. Cariyos Pengalaman Pribadhi
   - Pangretosan cariyos pengalaman pribadhi, paragraf naratif,
   - Jinising seratan naratif lan kateranganipun.
   - Unsur intrinsik lan ekstrinsik satunggaling seratan.
   - Nyipa lan ngudhap wosing seratan cariyos pengalaman pribadhi.

KELAS XI
1. Pranatacara.
   - Dasa nama Pranatacara lan Pamedhar sabda.
   - Olah basa lan sastra, Olah raga, Olah busana lan Olah swara.
   - Purwakanthi lan wangsalan.
   - 4 W wirama wicara wiraga wirasa.
   - Tembung ingkang lepat ing basa jawa.
   - Wujuding 7 olah raga.
   - Bab ingkang kedah dipunsirik nalika maraga.
   - Struktur pranatacara saha pambagya harja.
   - Nyipta lan ngudhal wosing isi saking satunggaling teks MC/Pambgya harja.
   - WAJIB MAOS KAWRUH TEMBUNG lan TEMBUNG INGKANG LUPUT.
   - WAJIB MAOS TEORI SAKING MODUL lan SAKING BLOG MENIKA

2. CAMPURSARI
   - Pangretosan campursari, Bawa.
   - Jinising tembang campursari saha tuladhanipun.
   - Pados tokoh penyanyi campursari min 5 tiyang saha papan dunungipun.
   - Piwulang wonten salebeting cakepan tembang campursari.
   - Kasusastran ingkang kaemot ing cakepan campursari.
   - Nama paraga ingkang nyekaraken campursari. Kakung/putri.

Thursday, 14 July 2016

SUGENG RAWUH

Blog menika kadamel kagem njangkepi piwulangan basa jawa. Kaangkah blog menika saged paring pambiyantu saha piguna dhateng para sutresna.

AKSARA JAWA

Sujarahipun Aksara Jawa

Wonten ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) wedharan Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta dipunandharaken manawi ngrembag sujarahipun aksara Jawa enggal ingkang ugi dipunsebat sastra sarimbagan utawa carakan menika mboten saged uwal saking bab lairipun saha pandhapukipun aksara kasebat. Miturut Bp Slamet Riyadi wonten ing bukunnipun kang isi lairipun, pangrakitipun, piguna, saha maknanipun Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut wonten  konsepsi cacah kalih kangem nlusur lairipun aksara Jawa saha pangrakitipun abjad ha-na-ca-ra-ka, inggih konsepsi secara tradisional.

KONSEPSI TRADISIONAL

Adhedhasar konsepsi tradisional lairipun aksara Jawa dipun jumbuhaken kaliyan Legenda Aji Saka, Cariyos ingkang dipuncariyosaken turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhingipun Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakanipun Aji Saka ingkang kedahipun dipunreksa sesarengan wonten ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.

Nalika badhe angejawa, Aji Saka ingkang dipundherekaken para abdinipun ingkang Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara dangunipun. Saderengipun nerusaken lampah angejawa, Aji Saka nilar pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka lajeng nerusaken lampah dipunkanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep wonten ing pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sawetara dangunipun, Dora lan Sembada miring warta Aji Saka wis dados ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalaken pulo Majeti ngaturaken pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh mboten purun dipunajak awit nuhoni dhawuhipun Aji Saka, Kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora/ngapusi wadul warna-warna.

Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kedah dipunajak dhateng Medhangkamulan kanthi mbekta keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah mboten pitados kaliyan palapuranipun Dora. Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara danginipun Dora mboten sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.
Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA.

HA NA CA RA KA
Ana caraka (utusan)

DA TA SA WA LA
Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA
Padha dene digdayane (sektine)

MA GA BA THA NGA
Wasana padha dadi bathang (mati samyuh)


Menika konsepsi tradisional bab lairipun lan pangrakitipun aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa ingkang 20 cacahipun lan dipunrakit dados sekawan larik menika, mujudaken guritan ingkang gampil dipunapalaken lan dipuneling-eling (memoteknik), mliginipun tumrap ingkang  nembe wiwit sinau maca lan nyerat aksara Jawa. Abjad ingkang kados guritan lan dipungathukaken kaliyan legenda Aji Saka kala wau sanget narik kawigaten menawi dipunkantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

Kapethik : Saking Maneka warni sumber (google, buku, lsp)

Thursday, 23 June 2016

WARA-WARA

## WIGATI ##


Nyuwun dhumateng para siswa ingkang taksih nilar FLASH DISK wonten ing panggenan kula. Kula nyuwun enggal dipunpendhet supados mboten kesupen menawi taksih kagungan FLASH DISK. Matur Nuwun.

Wednesday, 25 May 2016

KISI - KISI BASA JAWA UKK 2015/2016

Menika kula serataken kisi-kisi UKK 2015/2016 , dene ing samangke kasuwun para siswa ngempalaken materi dene ingkang kirang paham saged pepanggihan kaliyan kula.

KELAS X
1. Aksara Jawa
    - Sujarah aksara jawa.
    - Filosofi aksara jawa.
    - Sipat aksara jawa
    - Piwulang saking cariyos aksara jawa.
    - Araning sandhangan (Sandhangan swara, panyigeg, wyanjana)
    - Nyerat saha maos aksara jawa.
    - Njangkepi seratan utawi wacan aksara jawa ingkang kirang.
    - Madosi piwulang saking serat mawi aksara jawa.

2. Seni Pertunjukan
    - Kesenian Jathilan
    - Kesenian Angguk
    - Kesenian Campur
    - Kesenian Topeng ireng
    - Kesenian Kubro Siswa
    - Kethoprak / Jenis kethoprak.
       (Kapadosi saking sujarah, alat musik, sekar pangiring lan bab ingkang beda)
    - Nama-nama kesenian saking wewengkon Ngayogyakarta.
    - Dasanama saking pethikan teks drama.

3. Wayang / Ringgit
    - Bagan wayang saking resi abyasa.
    - Istilah pewayangan.
    - Cariyos wayang mahabharata.
    - Piwulang saking cariyos wayang.
    - Dasanama senjata lan dasanamanipun banyu, geni, segara, lemah, angin.
    - Pandhawa lima kedah apal lan jangkep kaliyan kateranganpun.


KELAS XI

1. Artikel
    - Pangretosan artikel lan tembung wiwitanipun.
    - Jinising seratan (deskripsi, narasi, eksposisi lsp)
    - Jinising karya jurnalistik.
    - Waosan artikel.
    - Dasanama tembung saking waosan artikel.

2. Cerkak
    - Pangretosan cerkak
    - Unsur instrinsik lan ekstrinsik.
    - Peranganing unsur instrinsik (Alur : maju, mundur, campuran, lsp)
    - Piwulang saking waosan cerkak.
    - Bedanipun cerkak, novel, lan cerbung.
    - Nyebataken jinising karya sastra (fabel, mite, wiracarita, legendha, lsp)

3. Layang
    - Pangretosan layang.
    - Peranganing layang (adangiyah, satata basa, lsp).
    - Nyebataken peranganing layang saking wujud seratan.
    - Jinising layang (ulem, lelayu, lsp)

4. Uyon-uyon
    - Pangretosan uyon-uyon.
    - Jinising lan aran gamelan.
    - Jinising gendhing adhedhasar papan pagelaran utawi fungsi.
    - Jinising gamelan adhedhasar sora utawi mbotenipun swanten.
    - Gerongan (T. Kinanthi), lan umpak-umpak (Wangsalan - Purwakanthi) saking PPT
    - Jinising Purwakanthi (swara, sastra, basa/lumaksita)
    - Istilah wonten ing uyon-uyon (T. Bawa, G. Buka, Pathet, Titil laras, lsp).
    - Piwulang saking tembang gerong.
    - Parafrase saking tembang gerong.

Mekaten kisi-kisinipun

Friday, 4 March 2016

KISI-KISI BAHASA JAWA

Menika kula serataken kisi-kisi kagem Wulangan Tengah Semester Genep 2015/2016. Wondene teori utawi jejangkeping tema/KD Seni Pertunjukan bahanipun nyuwun dhateng para pemresentasi. Mekaten menggah kisi-kisinipun :

KELAS X :
1. Aksara Jawa
    - Cariyos
    - Paugeran nyerat tembung/ukara
    - Ngudhar/melengkapi ukara kanthi tema ukara padintenan.

2. Seni Pertunjukan
      Bahan Seni Pertunjukan menika saking 5 bahan presentasi.
      Wondene ingkang dereng saged presentasi kersaa caos materi dhateng kancanipun.
      Bahan ingkang kaginakaken mekaten :
    - Kesenian Jathilan
    - Kesenian Kubro Siswo
    - Kesenian Campur
    - Kesenian Angguk
    - Kesenian Topeng ireng


KELAS IX
1. Cerkak
    - Unsur instrinsik saha ekstrinsik
    - Tembung ingkang lepat ananging asring kaginakaken.
    - Jenis karya sastra : Legendha, Mitos, Mite, fABEL lsp.
    - Pethikan Cerkak dipunanalisis

2. ARTIKEL
    - Pangretosan
    - Wujud jenising karya sastra : Pawartos, Kolom, lsp
    - Wujud jenising seratan : Narasi, Eksposisi, lsp
    - Unsur intrinsik saha ekstrinsik.\
    - Katrengan 5W saha 1H wonten ing salebeting seratan utawi karya sastra.
    - Tata cara nyerat saha papanipun ukara baku ing seratan

Wednesday, 6 January 2016

TUGAS KELAS X saha XI

Tugas menika kagem tugas dinten Senin, Selasa surya 4-5 Januari 2016. Mliginipun Kelas X saha XI

Tugas kegem siswa kelas X :

Seratan ing ngandhap menika dipunserat mawa aksara latin. Tugas dipunkempalaken wonten meja kula saha tugas dipundamel dening 2-3 siswa kanthi cara kelompok.



Tugas Kagem Kelas XI

Panjenengan kula dhawuhi pados setunggal artikel saking Djaka Lodhang lajeng dipunbabaraken 5W saha 1 H saha unsur instrinsik ingkang kaemot ing seratan menika!

Sesorah Budi Pakarti/Basmallah



Assalamu\alaikum Wr. Wb
Alhamdulillah ammaba\du
Wonten ngarsanipun para pinisepuh sesepuh ingkang dahat kinabekten
Para ‘alim para ulama ingkang pantes dipundhereki
Linangkung wonten ngarsanipun bapa pangarsa ……. ingkang pantes kinurmatan.
Wonten ngarsanipun bapak miwah ibu guru ingkang kula hormati
Para jamaah pengaosan kakung putri ingkang dipunmulyakaken dening Allah SWT.
Saha kanca-kanca ………. ingkang suka basuki..

Langkung rumiyin mangga kula dherekaken ngunjukaken raos puja miwah syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang hakarya jagad, amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita saged makempal manunggal wonten papan menika kanthi wilujeng boten manggih alangan satunggal  menapa Allahumma Amiin
Shalawat lan salam mugi tansah kunjuk wonten ngarsanipun Nabi pungkasaning jaman Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu-antu menggah syafaatipun wonten donya menapa wonten akhirat benjingl.

Para jama’ah kakung putri ingkang punmulyakaken dening Allah
Nuwun sewu awit kula sampun kumawantun matur wonten  ngarsa panjenengan sami. Keparenga kula ingkang kapiji ngaturaken sesorah basa jawi badhe ngaturaken  sesorah kanthi irah-irahan “NIAT PUSAKANING PAKARTI”
            Kenging menapa niat ingkang dados  pokok  andharan dinten menika. Awit tanpa niat  ingkang leres sedaya pakarti  utawi tindak tanduk  ingkang katindakaken menika muspra. Kenging menapa muspra ? Awit menawi tumindak utawi makarti  menika tanpa  nyebat asmanipun Allah, pakaryan ingkang dipuntindakaken menika mboten pikantuk pahala.
            Supados pikantuk pahala lan tumindak menika kagolongaken amal sholeh, wajib ukumipun  maos basmallah utawi bismillahirohmanirrohim. Awit lafal bismillah menika kagungan teges ingkang lebet .
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
Bismillahi

      Ø  miwiti ngaji ingsun kelawan nyebut asmaning Gusti Allah.
Tegesipun sedaya tumindak  menika kagolongaken  ngaji utawi tunindak ingkang sae. Satemah tumindak ingkang sae menawi mboten nyebat asmanipun Allah SWT menika muspra/kosong. Menawi dipunjarwakaken tiyang ingkang nyambut damel mboten nyebat asmaning Allah namung pikantuk asil seking pakaryanipun, ananging mboten angsal pahala saking pakaryanipun sinaosa menika pakaryan utawi tumindak sae.

Para pilenggah ingkang pun mulyakaken dening Allah SWT
Awit sifatipun Gusti Allah.
Ar- Rahmani
 : Dzat  kang paring welas lan murah ing dalem donya lan akhirat.
Tegesipun  Allah menika  Maha Mirah  dhateng sedaya  makhluk.mboten bedakaken setunggal saha sanesipun
Tuladhanipun :
Tiyang  muslim wonten ingkang sugih, tiyang kristen, hindu, lsp. Ugi wonten engkang sugih. Ananging ugi wonten ingkang miskin dados kepara tumindak mboten maos asmaning Allah dados sami kaliyan agama sanesipun.

Para rawuh ingkang kinurmatan
Sipate Gusti Allah malih, Ara rohimi
Dzat kang paring welas lan asih ing ndalem akhirat blaka.
Tegesipun  Allah menika  paring karohmatan  lan pitulungan benjing ing akhiratn kagem tiyang islam kemawon. Wodene  agama sanes mboten pikantuk  pitulungan Gusti Allah SWT. Menika bedanipun dados tiyang ingkang asring nyebut asmaning Allah krana nyadhong kawelasanipun, benjing ing akhirat badhe dipungolongaken tiyang ingkang slamet. Saking andharna menika gamblang  menawi  niat menika wigatinipun maos  bismillahirahmanirrahim.
Satunggaling hadist ngandharake :
Innama a’malu bin niat
Sedaya  pakaryan menika gumantung niat saking pakaryan menika. Kepara sae lan awon menika gumantung saking niat saha usada ingkang katindakaken.

Dudutanipun ampun ngantos kesupen nyebat asmanipun Allah ing saben nindakaken pakaryan supados pikantuk pahala saking menapa ingkang katindakaken. Allahumma amiin

Para rawuh ingkang kula hormati
Mbok menawi cekap semanten. Kathah  lepat saha kirangipun anggen kula ngaturaken sesorah kula nyuwun pangapunten. Kupat dudue santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
assalamu’alaikum.wr.wb

Thursday, 10 December 2015

REMIDI BASA JAWA



REMIDI UAS BASA JAWA
SMESTER GASAL TH. 2015-2016
DAMEL KAWRUH TEMBUNG
KANTHI SYARAT BIJI :
<70 damel 300
71 – 75 damel 150

NO
B. INDO
B. NGOKO
B. KRAMA/MADYA
B. KRAMA INGGIL
1




…




300