PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Friday 13 November 2015

CERKAK PRASANGKA

Prasangka
Dening : Diana Citrasari
Siswa SMA N 2 Yogyakarta

Semburat warni abrit dereng dangu katingall ing sisih wetan. Cahyane kang kanthi abrit awujud bunder ageng, anandakaken keagunganipun Allah ingkang Maha Kuasa. Sembribitipun angin enjing tansah sumilir. Asrepipun keraos dugi badan. Hawanipun ugi tansah seger, dereng katah polusi kendaraan. Kahanan ingkang sae sanget, sami kaliyan kahanan atinipun Cita ingkang nembe semangat. Tasih enjing Cita sampun mangkat sekolah, kanthi nitih sepedanipun. Amargi mboten tebih sekolahipun, Cita nitih sepeda. Kanthi semangat Cita nggayuh pedal sepedanipun. Hawa ingkang seger saha anginingkang sumilir, anambahi semangatipun Cita. Cita sengaja tindak langkung enjing, amargi dinten menika dinten sapisan Cita mlebet ing sekolah anyaripun. Cita pindah sekolah amargi Bapakipun pindah tugas.

“eh, eh eh! Awas mbak! Minggir, eh…” jeritipun Cita nalika mlebet gerbang sekolah.
“Eh, eh eh! Lha piye to iki mbak? Ehh..!!”
Bbrruukkkk........

Pungkasanipun, Cita nabrak salah satunggalipun siswi SMA N 2 Nusantara.

“Aaaww, sakit.” Tuturipun Ayu.
“Nyuwun pangunten mbak, kula mboten njarak, saestu. Wau kula kaget njenengan tiba-tibak belok” tuturipun Cita.
“Aaww..lara tenan sikutku. Eh, enggih mbak. Koyone aku sek salah. Nyuwun pangapunten nggih..“ ngemataken Cita, “Eh? Sampeyan murid anyar mbak? Kok kula dereng nate ningal njenengan.”
“Enggih mbak, kula murid anyar nembe mlebet dinten menika.”
“Oalah, pantesan..oh ya, aku tak kancani po nang ruang Kepsek? Eh, kenalke. Aku Ayu kelas xi ia 2.
“Waahh, saestu kula purun sanget mbak menawi njenengan purun ngancani kula. Matur suwun nggih, Mbak. Kula CIta kelas XI IA 2. Wahh, sekelas Yu.” Wangsulane Cita kanthi bungah.

***
Amargi kepanggihan ingkang mboten dipunjarak menika, Cita lan Ayu dados kanca ingkang kenthel. Menawi tindak dating pundi, mesthi bareng. Cita ngeraos seneng wonten ing sekolah anyaripun. Amargi menawi wonten perkawis ingkang mboten mangertos, Ayu purun paring pitulungan.

Sampun mapinten dinten Cita tansah bingung dhumateng salah satunggaling rencangipun ing kelas. Pengen rasanipun Cita nyuwun pirsa marang Ayu, ananging mboten wanton. Mangke ndak malah ndamel satunggaling perkawis ingkang saleresipun Cita ugi mboten mangertos. Ananging, samenika Cita sampun gregetan, mboten sabar.

“Yu, aku kepengen takon deh. Kae Arya kok koyone ra duwe kanca to?” takonipun Cita marang Ayu ing salah satunggaing wekdal budal sekolah ing kelas.
“Kowe ki le ngomong ojo seru-seru!” wangsulanipun Ayu kanthi lirih “kae lho wong sek tok omongke wae ono neng pojokan kae, mengko nek krungu piye? Wis yo gek bali, tak jelaske nang ndalan.” ajakipun Ayu sinambi ngukuti bukunipun.

Wonten ing mergi wangsul, Ayu nyritakaken kanthi penuh semangat saha emosi. Ayu sanjang menawi Arya menika aneh, satemah dipuntebehi rencang sanesipun.
“Kae ki aneh Cit, mistis reti ra? Koyone yo duwe ilmu hitam kae, maen dukun-dukun barang kae ki. Mosok esuk-esuk nang wit ringin mburi sekolah, nek mlebu kelas mambu mlati, terus nek bali sekolah mesti mampir nang dukun, wonge yo seneng umak-umik dewe ngucap mantra ra jelas. Makane do diadohi.” Tuturipun Ayu.

“Wwuusss, ra ngawur kowe ki nek ngomong. Isoh dadi fitnah lho. Koyone Arya anak e apikan, pinter juga.” Wangsulanipun Cita.
“Yo wis karepmu lah nek ra percoyo, sik penting aku wis ngomongi lho.” Wangsulanipun Ayu.
Cita mboten percaya kados menika, satemah Cita gadah tekad badhe mbuktiaken menawi Arya menika sae.

***
Ing salah satunggaling enjing, Cita sengaja dating sekolah langkung gasik. Mruput-mruput Cita tumuju kebun wingking sekolah, andelik sawingkingipun kajeng pelem ing sisih sanes saking kajeng ringin. Mboten selang dangu, Arya tumuju wonten ing kajeng ringin. Ananging Cita kaget sanget, Arya ical wonten ing antawisipun rerumputan. Arya ical ten pundi? Lajeng Cita ngewantonaken piyambakipun mirsani ing ngandapipun kajeng ringin. Cita langkung kaget malih, Arya mboten wonten ing pundi-pundi. Menapa bener ingkang dipunsanjangaken Ayu menawi Putra menika gadah ilmu hitam? Cita lajeng mrinding sedaya. Tiba-tiba wonten tangan ingkang njawil pundakipun Cita. Cita wedi sanget, nembe mawon Cita badhe mlayu lan njerit. Ananging ternyata ingkang njawil punika Arya.

“Kowe lagi ngopo, Cit?” pitakonipun Arya.
“Eh, eh, eh..aku lagi, lagi, lagi ndelok kembang mlati iki sek neng ngisor ringin. Apik e.” wangsulanipun Cita kanthi gagap.
“Oalah, ho o cen apik. Makane aku sering mrene sangger esuk. Hawane seger, apik. Iki aku duwe koleksi potone, aku mendek-mendek moto kembange, nganti mambu kembang mlati.” Wangsulanipun Arya.
“Oalah, gitu to. Bener kan omonganku. Eh mbok aku ndelok poto-potone.” Pituturipun Cita.
“Eh? Opo Cit? oh iya iki ndelok wae.”
Cita saha Arya lajeng lenggah wonten ing kursi pinggir taman sekolah. Cita mirsani hasil potonipun Arya. Pancen sae, apik. Arya pinter moto ternyata.
“Oh iya Ar, aku pengen takon. Tapi kowe ojo tersinggung yo? Ojo nesu.” Uninipun Cita.
“Yo takon wae, Cit. Paling kowe arep takon kok aku ki aneh to? Aku koyo mistis, duwe ilmu hitam, ho o to?” wangsulanipun Arya.
“Eh, udu aneh. Aku sih ora pernah mikir koyo ngono, tapi kanca-kanca liyane…. Yo ojo nesu lho Ar, aku ming takon. Nek enggak dijawab yo ra opo-opo kok.”
“Haha, sante wae to, aku ra nesu. Malah matur suwun kowe ra kepikiran aneh-aneh. Sebenere aku ki ora koyo sek dipikirke kanca-kanca. Aku dikira sering ilang ning wit ringin iki karo mambu kembang, kowe wis reti kenopo to. Nek aku dikira sering menyang dukun, kuwi yo ra leres. Kae ki daleme simbahku, emang koyo omah dukun. Ananging simbahku dudu dukun, ming seneng barang-barang antik. Terus nek aku sering ngucap mantra, kuwi sebenere aku ngapalke rumus. Aku duwe singkatan dewe dingo ngapalke, malah dikira mantra.” Jlentrehanipun Arya.
“Oooaallaahh..koyo ngono kuwi to. Kok kowe ra ngomong sebenere wae?”

“Yo ben lah, rapopo.”
Amargi percakapan wau samenika Cita sampun mangertos kahanan ingkang saleresipun bab Arya. Pancen leres menopo ingkang dipunpikiraken Cita. Arya menika mboten aneh, tiyangipun sae, pinter, lan apikan, mboten kados ingkang dipunpikiraken rencang sanesipun.
Salajengipun, Cita gadah sahabat malih, Arya. Murid ingkang dipuntebehi sanesipun, justru murid ingkang sae. Alon-alon Ayu ugi mangertos kahananipun Arya ingkang saleresipun, lan Ayu ugi dados sahabatan kaliyan Arya. Lajeng rencang sanesipun ugi mangertos, lan mboten mikir aneh-aneh bab Arya. Arya samenika mboten ditebihi, justru kathah rencangipun. Cita lega.


*tamat*



No comments:

Post a Comment