PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday, 8 September 2015

PRANATACARA/SESORAH


Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara.

Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi mekaten, jinisipun pidhato utawi Pranatacara saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:

1.   Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.

2.   Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.

3.   Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.

4.   Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.

Pranatacara, miturut isi lan basanipun, gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.

Kejawi punika, nalika nindakaken Pranatacara sawijining paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:

1.    Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.

2.    Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.

3.    Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:
a.       sinten ingkang gineman
b.      sinten ingkang dipunajak gineman
c.       sinten ingkang dipunginemaken
d.      swasana nalikanipun gineman
e.       sami mangertosi ingkang dipunginem.

Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

(Kabesut sakingTuntunan Pranatacara saha Paniti Laksana dening Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

Sipat-Sipating Pranatacara miturut Ancas utawi Tujuan:
1.      Pranatacara pambagyaharja
2.      Pranatacara mamitaken jenazah
3.      Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.      Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.      Pranatacara pamedhar sabda
6.      Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)

Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi lan Basa:
1.      Pranatacara ringkes lan prasaja
2.      Pranatacara rowa lan rinengga
3.      Pranatacara popular
4.      Pranatacara ilmiah
5.      Pranatacara mligi utawi umum

Cengkorongan Medhar Sabda:
1.      Salam pambuka
2.      Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
3.      Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.      Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5.      Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6.      Panutuping atur/ salam

No comments:

Post a Comment