PIWELINGE GUSTI
Anggitanipun Inge Yasmin
Siswa SMA N 2 Yogyakarta
***
Wekdal
menika sasampunipun Laksita lulus saking Sekolah Menengah Pertama piyambakipun
nerasaken wonten ing Sekolah Menengah Atas ing kutha, kawontenan ingkang benten,
amargi awit wiwit alit piyambakipun sekolah wonten ing dhusun. Sasanesipun kepingin pawulangan ingkang langkung sae
piyambakipun inggih kepingin supados gadhah pengalaman ingkang langkung, kanthi
srawung kaliyan lare kutha. Ananging sedaya punika mboten sanes dipungayuh
amargi Laksita menika lare ingkang lantip, sregep, tur nggih sembodo. Lare
ingkang sae ingkang ndherek dhumateng sedaya dhawuhipun tiyang sepuh, ugi
sregep anggenipun ngibadah. Laksita ugi kerep mulang ngaji lare-lare alit
wonten ing dhusunipun. Sampun salimrahipun menawi Laksita saged ketampi wonten
ing sekolah sae ing kutha. Ananging gesang menika nggih adil wonten
kaluwihanipun saha kakiranganipun, Laksita gesang wonten ing kulawarga ingkang
mboten jangkep, bapak lan ibunipun sampun dangu pisah.
Dasaripun
lare ingkang sae tur inggih beja, Laksita kang lantip ugi sumeh menika dados
lare ingkang misuwur wonten ing sekolahipun. Tundhanipun sinten mawon sami
rebatan supados saged dados kanca ingkang raket kaliyan Laksita. Ananging wonten
satunggaling dinten sasampunipun tampi raport semesteran, Laksita rumaos minder
marang kanca liyan ingkang mendhet rapot sareng bapak lan ibunipun, Laksita
minder amargi wiwit alit wonten griya sesarengan bapak lan ibunipun ingkang dipunpengenaken
mawon mboten nate kelampahan menapa malih mendhet rapot kaliyan bapak lan
ibunipun
Sasampunipun
mendhet rapot menika, wonten ing griya Laksita namung nglamun kemawon.
Mirsani Laksita ingkang mendhel mawon
ibunipun lajeng tangklet Laksita.
“Ta, koe ki
sajakke ngopo to kok ketok sedhih ngono. Lak ya kudune seneng sujud syukur
diparingi ringking setunggal senajan koe ki ya mung wong ndeso ki neng ya ora
kalah karo wong kutho?”, pitaken ibunipun.
“Mboten kok Bu,
mboten nopo-nopo. Inggih Bu, Laksita saged dados kados menika inggih amargi Ibu.
Bu kula tak medal rumiyin nggih, badhe mlampah-mlampah pados hawa ingkang
seger”, wangsulanipun Laksita ingkang boten pengen crita jujur amargi njagi
raosipun ibunipun.
“Wola yawes
kono, ojo wengi-wengi lehmu bali”, welingipun Ibu.
Sajatosipun
Laksita mboten ngertos badhe kesah dhateng pundi, ananging tinimbang
dipuntakeni kaliyan ibunipun, mboten sekeca menawi crita menapa ingkang
dipunraosaken. Lajeng Laksita kesah dhateng warung kopi celak griyanipun. Wonten
ing warung kopi menika Laksita kepanggih kanca sekolahipun, larenipun inggil,
ayu, tur nggih modis amargi kancanipun menika tumut grub dance wonten ing
sekolahanipun, Sinta naminipun. Sintha ingkang ngertos Laksita nglamun wonten
ing warung kopi piyambakkan lajeng murugi Laksita.
“Heeh.. Ta, koe
ki kesambet opo awan-awan kok ya wes nglamun wae..hehe” undangipun Sintha
kaliyan ngageti Laksita.
“Weh Sintha...
awakmu seneng tenan nek gawe aku kaget. Kawit kapan koe neng kene? Mbok lingguh
kene.” Wangsulanipun Laksita
“Welha...aku ki
lakya ket mau wes ngantri bareng kancaku neng mejo mburi kono. Koe ki keneng
apa to Ta kok sajakke lagi GEGANA, Gelisah Galau Merana” wangsulanipun Sintha
ingkang ngguyani Laksita.
“Ha kok koe
perhatian banget ro aku, aku rapopo kok. Kesepian wae prei-prei bibar raportan
kaya ngene” wangsulanipun Laksita ingkang nutupi menapa wontenipun amargi
mboten sekeca menawi crita dhumateng Sintha amargi nggih piyambakipun mboten
celak sanget.
“Lha tinimbang
koe mung nglamun ora cetho kaya ngono kui mendhing koe sesuk melu aku wae. Jam
10 tit tak tungguni neng warung kene ya. Awit aku ya ijeh ono acara meneh je
sore iki, aku pamitan ya Ta”, wangsulanipun sinambi mbayar kopi ingkang diombe
Shinta.
Dereng
sios mangsuli, Sintha sampun bidhal langkung rumiyin.
Wonten griya
Laksita meniko menggalih, “ aku mau arep dijak nengdi ya, yawes rapopo sesuk
tak nyuwun idin marang ibu, mbok menawa kui ya iso ngilangake rasa
pangunek-unekku”, kandhanipun dhateng dhirinipun pribadi.
***
Enjingipun
wangsul saking nderekaken ibunipun wonten ing peken, Laksita lajeng pamit
dhumateng ibunipun menawi badhe dolan kaliyan kancanipun.
“Bu, kula nyuwun
pamit badhe dolan kaliyan kanca nggih Bu”, pamitipun.
“Kok kadigaren
koe dolan biasane mung mlungker ono ngomah. Yawes kono ning ora pareng
aneh-aneh, tur ya aja lali yen wayahe koe ngibadah ya ndang solat” waksulanipun
ibu.
“Inggih
bu...Siap!”, celathune
Sasampunipun dumugi warung, Sinta ingkang sampun dandan
dhemes, ayu, kadhos artis menika sampun nenggani Laksita.
“Koe kui sajakke
arep ngajak aku nangdi kok wes dandan ayu ngono kui?”, pitakone Laksita.
“Lo.. karang ya
bocah wadon nangdi-nangdi ya kudu nggatekake penampilan. Uwes koe melu wae
rausah kakean takon.”, sinambi nggeret Laksita mlebet ing mobilipun.
“Pak wonten
tempat biasa nggih”, kandhanipun Shinta dhumateng sopire.
Amargi Laksita
awis-awis dolan wonten ing kutha, kejawi namung kangge sekolah, rikala wonten ing
nglebet mobil Laksita namung saged nggumun. Mobil menika tumuju dhateng kutha.
Sasampunipun, mobil mandeg ing ngajeng mal ingkang ageng sanget.
“Wes ndang ora
nglamun wae, aya mudun” undangipun Sintha ingkang sampun mandhap rumiyin.
Wekdal menika
jam setengah kalih welas, lajeng Laksita dipunjak mubeng-mubeng kaliyan Sintha.
Ndilalah kepanggih kanca-kanca SMA, wonten ing rombongan menika wonten ingkang
naminipun Asan, pacare Sintha. Lajeng Laksita dipunjak nonton bioskop sareng
Sintha lan rombongan menika wau. Sasampunipun tumbas tiket, sami nunggu amargi
filmipun dipunwiwiti jam kalih siyang. Ing selo-selo nengga Laksita kemutan dhawuhipun
ibunipun menawi mboten angsal kesupen nindhakaken solat. Lajeng Laksita ngajak
Sintha lan kanca-kancanipun.
“Kanca-kanca
awit wis tiba mangsa solat, mbok aya solat ndisik” ajakke Laksita.
Kancane namung
ndomblong banjur ngguyu. Sintha banjur nyauri “Koe kui ya ndagel kok mbok ya
mengko wae le solat neng ngomah, neng kene
kui tempat kang nggo seneng-seneng ora ono kui tempat solat, tur nek
ndadak metu ya mengko ndak ketinggalan lehmu nonton film e”
Amargi mboten
ngertos papan panggonan kangge solat, Laksita nggih namung manut kemawon amargi
ajrih menawi kesasar anggenipun madosi papan kangge solat.
Sasampunipun
nengga dangu, tandha menawi film sampun badhe dipunputer sampun dipunumumakaken.
Laksita lan kanca-kanca lajeng mlebet wonten ing bisokop. Film dangunipun 2
jam, dados sami medal saking bioskop jam sekawan sonten. Sasampunipun medal,
Laksita kemutan malih dhawuhipun ibu menawi mboten angsal ninggalaken solat.
Getun mboten katulungan ngertos menawi wekdal solat luhur sampun telas lan
sampun mlebet wayah asar. Laksita lajeng guneman lan ngomong kaliyan Sintha.
“Sin, bibar iki
koe lak ya gelem ngeterake aku mandeg solat sikek to” panjalukke Laksita.
“iya, mengko
gampang, ananging aku arep mampi madhang sikek ya tak bayari wes.” Wangsulane.
“Ya,” kandane
Laksita amargi nggih mboten kepenak menawi arep nolak.
Bibar anggenipun
sami maem, wonten ing mergi Sintha ngomong “Nek solate neng ngomah wae lak ora
popo to Ta, iki nanggung je dalane ya rame”.
Laksita nggih namung
saged mendel lan mbatos muwun rumaos sampun mboten manut dhawuhe ibunipun.
Ndilalah wonten ing margi ingkang 15 menit malih sampun dugi griya.
“Grubyaaaakkk....!”
Ujug-ujug mobilipun
Sinta nambrak trotoar. Mobil kang wiwitanipun mulus lajeng babak bundas
tibaneng mburi. Sinta, pak sopir, ugi Laksita dipuntulungi warga awit luka
ingkang parah, lajeng dipunplajaraken wonten ing griya sakit.
Wangsul saking
griya sakit, ibunipun Laksita ingkang lagi kondhur magriban kaget pirsa kawontenan
larenipun ingkang kebak perban.
“Duh anakku koe
seko ngendi kok dadi kaya ngene”, pitaken ibunipun
“Nyuwun ngapura
Bu, kula wau dipunjak dolan kaliyan rencang. Banjur kenging kecelakaan. Kula ngrasa dosa marang ibu, awit
mboten nggugu kandhane ibu, amargi kula wau tasih seneng-seneng kesupen anggen
kula ngibadah”, wangsulane Laksita kanthi nangis.
“Woalah nok, koe
mau banjur ora solat? Wo ya kui welinge gusti marang koe. Wes kapok to nek wes
ngene ki? Wes saiki ndang resikki awakke banjur solat nyuwun pangapura dumateng
gusti.”, kandha ibu.
“Nggih bu,
Laksita nyuwun pangapunten” wangsulanipun.
Wonten ing
pandonganipun Laksita nyuwun ngapura
dhumateng gusti.
“Duh
gusti ingkang Welas Asih, Kula nyuwun ngapunten awit sedaya lepat kawula amargi
sampun nglalekaken panjenengan. Wonten ing kewontenan menika kula janji mboten
baleni kesalahan menika malih” sinambi nangis sesegen.
Amargi
kawontenan menika wau Laksita sampun mboten nate ninggalaken kewajibanipun malih
kangge ngibadah, wonten ing kawontenan menapa kemawon alesan ingkang ngeken
piyambakipun ninggalaken kewajiban.
***
Kanthi ewah-ewahan sawetawis
No comments:
Post a Comment